Assalamu'alaikum wr.wb.
Alhamdulillahi robbil 'alamin. Asholatu Wasalamu Ngala Asrofil Ambyai Warmursalin.
Wangala alihi Wasohbihi Ajmain.
Robbis Rohli Sodri Wayas Sirli Amri Wahlul Ngukdatam milisani. Yafqohu Qouli
Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bpk....minangka pengawas TK/SD SLB UPT Pdan K Bruno.
Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bp. Suripto minangka Kepala Desa Plipiran dhalah perangkatipun.
Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bp. Shobur Hamidi minangka Ketua komite SD Negeri Plipiran dhalah anggotanipun.
Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bpk Wiyoto, S.Pd. minangka kepala SD Negeri Plipiran dalah dewan gurunipun.
Saha ingkang kinurmatan para tamu undangan ingkang mboten saged kawula wiji-wiji asma karimipun setunggal dene setunggal.
Puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paring kanugrahan, kanikmatan, hidayah, enayahipun dumateng kita sedaya, sahingga wonten wedal menika dinten Sabtu, tanggal 16 juni 2012 kita saged makempal wonten aula SD negeri Plipiran saperlu ngawontenaken khotmil Quran saha perpisahan Siswa Kelas VI tahun Pelajaran 2011/2012.
Sholawat saha salam konjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kita tengga syafaatipun wonten zaman akherat samengken.
Nuwun para Bapak saha Ibu ingkang kinurmatan, pranata adicara hangaturaken pambagya sugeng rawuh. Mugi kersa hamrayogeaken lelenggahan ngantos dumugi paripurnaning adicara wonten wedal menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan.
Saderengipun adicara khotmil Quran saha perpisahan siswa kelas VI SD Negeri Plipiran kawiwitan, keparenga pranata adicara hangaturaken rerantaman adicara ingkang bade linampahan wonten wedal menika.
Adicara ingkang sepisan pambuka.
Adicara ingkang kaping kaling atur seklimah saking panitia.
Adicara ingkang kaping tiga tanggap wacana................
......................................
.....................................
To be continue.... See you later.

Wah bagus nih, bu guru dah bisa ngeblog. Selamat.
BalasHapusHe he mkasih, yo bisa to walau nyambi momong.
Hapus